Keboku Njaluk Pijet, ana ing Bengkel Balai Agung Sekayu

Arep Bodho Idul Fitri, roto-roto bengkel akeh mobil ngantri di dandakke, ono ling mung ngecek rim, ganti oli, malahan ono ling bongkar mesin. Salah sijine keboku, ling njaluk pijet rine.

Wis pirang-pirang dino saben ditumpaki ki mangkat nyang kerjoan, rodok abot gas-gasane, penasaran tak demek tromol ban mburi kiwo kok panas tenan. Sampek kaget aku, masalahe jarang aku ndemek je.

Ora pikir dowo langsung bablas nyang bengkel langganan “Bengkel Mobil Balai Agung Sekayu”. Wah neng kene mobil jentrek-jentrek, oleh antrian nomor pira aku, aku takon karo petugas sing nyateti.

Omong-omong bengkel iki lumayan apik pelayanane, mekanike akeh tur handal, menurutku. Malah yo ono onderdile pisan, dadi ora perlu repot yen ono ling kudu ganti. Isoh ugo diundang menowo mobile rusak ono ndalan. Nomer telpune ono keterangan ngisor.

Teko mbengkel langsung dicek karo mekanik, sentral macet sebelah, “arep diresii wae opo ganti anyar ki”, Jare Mekanik.

“Wis ganti ae ben mantep, tur wani gebut, karo cek sekalian sopo ngerti pipo-pipone ono ling bumpet”, tak jawab ngono he he..

Itung-itung mumpung isih ono wektu nyicil kebone dipijetke ben sehat, misal sewayah-wayah lungo tinggal mangkat, lak yo ngono tho.

Wis dadi Lur, aku mulih disik yo.

Bengkel Balai Agung Sekayu
Jl. Kol. Wahid Uddin, Kelurahan Balai Agung Sekayu, Kabupaten Musi Banyuasin, Provinsi Sumatera Selatan.
Hp. Bos Rinto (+62 821-8204-9622), Bos No (+62 813-1165-3070).

dening LikKasjo
dibenakke Kissparry

3 thoughts on “Keboku Njaluk Pijet, ana ing Bengkel Balai Agung Sekayu


  1. Apik ugo Sekayu Kabupaten Musi Banyuasin, Sumatera Selatan, ngetokke basa Jawa,
    nek iso tambah artikel basa Jawa ben dibuka dulur-dulur neng Suriname, …utowo sedulur liyane….
    Piya kabare dulur-dulur Suriname? Ugo dulur-dulur kabeh!
    Moga podho bagas kwarasan, rejeki lancar, murah sandang pangan.
    aamiin.

Tinggalkan Balasan

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca