22 Mei, Pemilu Langsung (Jangan) Seakan menjadi Momok yang Menakutkan Rakyat

Sebagai rakyat kecil Kissparry pilih mempersiapan lebaran yang tinggal hitungan hari dari pada bayangan 22 Mei, yang katanya bakal gayeng.

Hari itu adalah hari dimana Komisi Pemilihan Umum NKRI bakal mengumumkan hasil perhitungan suara, ya.. gayeng.. lha wong KPU kita bakal mengumumkan siapa yang jadi presiden untuk masa 5 (lima) tahun kedepan, tetapi mengapa kemudian gencar dibincangkan, bakal ada demontrasi besar-besaran, dan bahkan ada yang sekolah belajarnya di rumah masing-masing, seperti Kota Surabaya.

Kota Surabaya merupakan salah satu kota besar yang membuat edaran agar semua siswa belajar di rumah masing-masing, tanggal 22 Mei itu.

Sebagai wong cilik dadi malah bingung kudu kepiye, … ora melu nyoblos pemilu jare golput, lha neng nyoblos urung temtu jagone sing di coblos dadi manggung. Lha nek kalah swara ya ora bakal kluruk, dadi nglemperek. O… iyo… sing manggung kuwi manuk ya…. nek jago kuwi kluruk….

Mengapa Pemilu Menjadi Momok yang Menakutkan

Jadi momok atau tidak, tinggal bagaimana para penggede iku nggawa kahanan sing ngepenakke sekabehane…. aja malahan… gawe bingung kawulo alit….

Krungu-krungu tanggal 22 Mei meh ono wong tangisan jamaah, … wah bahaya kuwi… mengko nek lohe nganti ngebaki lingkungan malah dadi banjir bandang…. Eh… ora tangisan ding…. emboh jenenge opo…. bahasane susah ketoke… aku ora pati reti…

Lha… nek tarung… iku… mestine ya… ana sing menang uga ana sih ora menang, neng kene ora tak sebut kalah…. ya… pokoke ora menang ngana

Anak-anakku Bali Sing Rukun

Aku mbah Kissparry ya… mung… njaluk…. anak-anakku sak bendoyot sing podho rukun…. Pemilu wis kelakon…. saiki kuwi… tinggal nunggu hasile suarane dewe kabeh diitung.

Wingi khan padha nyoblos opo aku ora paham… mergo aku ora ngetik marang calon khusus, lha nek keluargane dewe misal ada sing nyaleg DPR kalah ora dadi… lha piye meneh…., awake dewe paling ya… isone mbantu nyoblos sak coblosan rong coblosan ibarate…. Masalahe saiki khan per Dapil

Sing nyaleg DPRD II isih maju njago opo ora, aku ora ngerti…. nek misale maju maneh moga-moga iso dadi maneh brangkat neng Kabupaten… Nek sing provinsi…. ya…. ana tapi… isih tergantung keputusan partai jarene… yowis…. mestine gusti bakal milihke dalan sing paling becik.

Lha… piye…. duwe sedulur… jalure partai macem-macem… lha mergone… kasenangane dewe-dewe…. yo… mung aku njaluk saiki rukun maneh… makarya maneh jalure dewe-dewe…

Semono Dhisik

Semono dhisik ya, aku meng ngintik kira-kira dulure dewe ono sing brangkat Senayan apa ora, tapi aku maca berita koran… jenenge ora kasebut….

Ana sing meh brangkat neng Kabupaten apa ora, kok aku ora dikei ngerti…..

Salam Kissparry

editor Eswede Weanind

One thought on “22 Mei, Pemilu Langsung (Jangan) Seakan menjadi Momok yang Menakutkan Rakyat


  1. He he he, bener kui. Saiki ling penting podo makaryo meneh supoyo isoh mangan, lha pemilu wis ono panitiane. Lak yo ngono tho dulur.

Tinggalkan Balasan

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca