Angin ‘Ilang Ilang’ (Kenanga) Lingsir Wengi, Kisah Nyata dari Manila

Angin ‘ilang ilang’ lingsir wengi ini sebuah kisah nyata yang dikisahkan kembali dan disampaikan dalam bahasa Jawa, kisah kejadiannya di Kota Manila, Filipina. Bunga ilang ilang dalam bahasa Jawa ialah bunga Kenanga.

Swara lawang menga keterak angin gawe kaget. Aku nglilir seka nggonku turu. Wayah lingsir wengi. Tak deleng jam wis setengah rolas (mbengi). Pikiranku isih durung padang, bingung tangi turu dadakan.

Swara udan angin kemrosak nggegirisi. Sok sok dibarengi swara angin cemengkling nglangut gawe mirising ati. Prahara udan angin (typhoon) Ondoy ngliwati pulau Luzon. Sakjane wis diumumake nang tv wiwit wingi bengi. Nanging tetep wae gawe giris.


Aku keturon wiwit surup, bubar maem mau. Wiwit sore jagabaya wis tak peseni golek tukang pijet. Akeh layanan pijet sing apik lan murah ing Manila. Nanging merga udan angin para pramupijet padha ora wani metu wengi iki.

Alon alon aku menyat nang dapur. Isih ayub ayuben. Mbukak kulkas golek ngombe. Jendela-jendela dapur pada menga ora kuat nahan lesus sing kekuatane pancen ngedab edabi. Nyoba ngurubke lampu dapur, kok tibake mati.

Rada peteng ora isa cetha nggonku namatke. Rasane awak isih lungkrah lan aras arasen. Jumat bengi biasane rame swara musik seka kafe cedak omah. Wengi iki mung ana swara udan angin.

Aku banjur nang ruang tengah, karepku arep nyetel tv. Pengin ngrungokke nek ana pengumuman prekara prahara iki. Aneh, lawang tengah sedhela sedela menga keterak angin. Rumangsaku mau wis tak kancing.

Listrik mati. Kaya biasane nek ana prahara kaya ngene cepet cepet jaringan listrik diputus. Embuh apa sebabe. Mbokmenawa ya pancen putus jaringane. Mosok udan banyu ora mekakat kaya ngene kok wedi arep kobongan.

Lagi wae lungguh nang sofa, tanpa tak nyana ana swara lirih nyapa. Rumangsaku kaya kaya wis kerep krungu swara iku.

“Good evening Sir. How are you?”.
“Sugeng dalu Rama. Dospundi kabaripun”.

Nganti njondhil arep pedot jantungku aku saking kagete. Ora genah sangkan parane, kok ujug ujug ana wanita nom noman wis lungguh nang kursi tamu nang pojok ruangan. Udakara mung patang meter seka nggonku lungguh.

Pandelengku ora isa premana. Penganggone kayane blus klawu, karo celana putih. Ana slendang semampir nang pundhake. Praupane katon pucet. Mripate suntrut. Katon ora jenjem tangane dolanan slendang.

“Sliramu sapa ? Sapa sing mbukakke lawang?”

“Panjenengan kesupen Rama? Kula Ami.
Kula dipun tilpon dening jagabaya Jolly.
Ngendikanipun panjenengan ngersakaken peteg”.

“Ami sinten nggih? Apa wis tau ketemu karo aku? Nuwun sewu aku lali tenan”.

“Ami Rama, Ami saking Yasung massage. Rumiyin asring panjenengan timbali kangge peteg”.

“Ami seka Yasung ? Ya Allah, suwe banget ora tau ketok sliramu. Pungkasan ketemu wis pirang sasi kepungkur”.

“Kasinggihan Rama. Kula kedah kendel rumiyin. Dawuhipun dokter kedah istirahat. Nembe ngandeg Rama”.


Pikiranku wiwit padang. Lamat lamat wiwit kelingan critane Ami. Deweke salah sijining pramupijet seka Yasung massage sing kerep tak undang sakwetara wektu kepungkur.

Nanging wis pirang pirang sasi iki ora tau ketok, jarene mulih nang propinsi merga arep nglairke anake sing nomer telu. Asli seka propinsi Pampanga. Udakara satus kilometer seka Manila. Anake loro, lanang lan wadon, umur limang tahun karo telung tahun.

Luru gawean nang Manila. Ora ana gawean nang daerah asale. Nanging nang Manila ya padha wae. Angel golek gawean nek ora duwe kaprigelan.

Pendidikane mung lulus sekolah menengah. Pungkasane ya dadi pramupijet wae. Ora isa milih milih. Umur umurane udakara lagi pat likur tahun. Sisihane nyambut gawe dadi pelayan restoran Cina nang Malate.

Ibune karo adi adine urip nang Pampanga. Mung nyambut gawe tani. Bapake wis ora ana sakwetara tahun kepungkur.


“Rama, panjenengan ngersakaken peteg ta ? Mangga kula ladosi”.

“Aku isih bingung. Ora nggraita tekamu. Ning atiku seneng ketemu kono maneh, Ami. Bola bali aku takon Yasung kapan sliramu bali”.

“Kasinggihan Rama, menika wau wonten Yasung, mboten wonten pelanggan. Prahara menika mbumpeti ilining rejeki”.

“Banjur pirang pirang sasi iki sliramu nang endi wae?”

“Kula wonten Pampanga, kempal kaliyan ibu lan adik adik”.

“Lha anak anakmu saiki nang endi?”

“Lare lare pun emong ibu Rama. Kula kedah pados damelan supados saged nyekapi betah”.

Ami banjur tumuju nang kamar tengah, sing pancen biasane tak nggo pijet karo Nyi. Nalika ngliwati nggon ku lungguh, ambune parfum semrebet. Wangi lembut, ambune kembang ilang ilang. Nang Jawa, ilang ilang diarani kenanga. Deweke wis apal, nata tempat tidur sing arep kanggo pijet.

“Sampun lingsir dalu kok Rama dereng sare ta?”

“Aku wis turu mau ning kebribenan swara udan angin ora karuan”.

“Menika sampun biasa Rama. Swanten angin lan prahara menika namung swantening alam. Mboten perlu goreh. Sampun siap sedaya Rama, mangga lajeng kemawon”.

Aku banjur nurokke awak nang kasur. Mengkurep karo kemulan jarik. Biasane nek pijet aku ora tau nganggo minyak. Ami nawani nek aku gelem diurut nganggo minyak. Botol minyake dibukak lan diambokke nang irungku. Ambune wangi banget, mbuleg marahi mumet nang sirah.

Tak kandani nek aku seneng pijet tanpa minyak kaya biasane. Ami wiwit mijeti alon alon. Slendange isih semampir nang pundake. Batinku wong mijeti kok karo kemul slendang. Tak rasakke anggone mijeti, alon ning mantep. Mung aneh, tangane anyep temen tak rasakke nang gegerku.

“Tanganmu kok anyep banget ta Ndhuk”.

“Injih Rama, kala wau panci kejawahan asrep sanget wonten njawi. Mila kula lajeng krukup mawi slendang menika. Mboten menapa menapa kok, mangke rak anget malih”.

“Ning rumangsaku kok ademe ora sak baene. Sliramu ora apa apa ta?. Apa perlu leren disik ben rada anget. Njupuka dewe banyu anget nang dapur nek arep ngombe. Aku duwe minuman jahe wangi”.

“Matur nuwun, mangke kemawon bibar peteg. Kula ngracik piyambak jahe wangi”.

Ning tak rasak rasakke kok tangane ya panggah anyep wae. Senajan pijetane krasa mantep lan lembut. Kadangkala gondo selendang kok aneh. Rada arus kecampuran wangi ilang ilang. Rada abot nang sirah.

Rasane sangsaya ngantuk lap-lapan. Mung kala kala sok krungu lamat lamat swarane Ami rengeng rengeng. Lagu Ave Maria bola bali. Sangsaya suwe anggone rengeng rengeng kok saya sedih rumangsaku. Malah setengah ngrintih. Deweke ngomong klesik klesik.

“Rama menapa panjenengan kersa paring pitulungan dateng kula?”
“Ana apa Ami ?”.

“Panjenengan kersa maringi tambah kangge anak kula?. Mesakaken kula tilar terus Rama. Kangge tumbas susu lan pakaian anget”.

“La ning kan ora apa apa ta anakmu”.

“Asrep sanget Rama. Wanci prahara ngaten. Griya kula sami bocor. Mesakaken thole mboten gadah rasukan ingkang anget. Dinten menika susunipun sampun telas”.

“Muga muga anakmu sehat sehat kabeh Ami. Hawane pancen lagi ora enak. Aja kok ajak metu”.

“Mboten wantun ngajak thole Rama. Lare tiga ingkang momong embahipun. Ibu sampun sepuh. Bapakipun wangsul saking nyambut damel sampun dalu”.

Ami terus wae rengeng rengeng. Ganti ganti lagune. Kala kala ngrintih kaya melu iramane angin tengahing wengi. Gondo wangi isih krasa rada mbuleg, marahi tambah ngantuk.

Ilustrasi rumah tua (MerdekaCom)

Sakwise kira kira sak jam setengah aku wis krasa tanek anggonku pijet. Deweke tak kon mandeg. Aku nggoleki dompetku, sing tak selehke nang meja tulis kamar sebelah.

Aku njupuk duwit rong ewu lima atus peso. Biasane pijet sak jam mung antarane telung atus nganti patang atus peso. Ami isih nata tempat tidur sing mentas nggo pijet iku nalika aku ngundang deweke.

“Ora perlu kesusu mulih Ami. Njaba udane isih deres, karo angin. Entenana nang kene karo leren. Nek arep mimik, njupuka dewe nang dapur”.

“Matur nuwun Rama. Kula kedah mantuk cepet cepet. Anak anak kula sampun ngentosi. Mesakaken ibu sampun ringkih kedah ngupakara wayah tiga”.

” Sakkarepmu Ami. Ning nek arep leren ngenteni nang kene, aja pekewuh lo. Kene rapet ora ana banyu udan mlebu. Aku titip nggo anakmu ya”.


Kanthi seneng deweke nampa tips iku. Deweke nyoba mesem. Ananging praupane kok kaya kaya wong kang lagi nandhang kasusahan abot. Mripate kaca kaca. Slendange saben saben dibenakke nggo nutupi praupane. Deweke nangis lirih.

“Matur nuwun sanget Rama, panjenengan taksih kemutan kaliyan kula. Wiwit sonten wau dereng pikantuk pelanggan. Kula betah sanget arto kangge tumbas susu kangge thole”.

“Wis ora susah mikir akeh akeh Ami, sing sabar lehmu golek rejeki. Kanggo anak anakmu”.

“Rama, menapa panjenengan saged minangkani panyuwun kula sepindah malih?. Kula pengin ngrangkul panjenengan. Kados kula menawi ngrangkul bapa kula swargi. Kula sampun kangen sanget. Matur nuwun Rama”.

Tanpa ngenteni wangsulanku deweke ngrangkul aku kenceng. Awake krasa adem banget. Sakdurunge mulih, deweke mampir dapur, njupuk jahe wangi. Bubar iku metu seka lawang tengah. Langkahe cepet tanpa noleh. Rengeng rengeng lagu Ave Maria krungu lamat lamat nganti deweke medun undak undakan.


Aku isih krasa ngantuk. Bali turu maneh. Ning mung klisikan. Nganti pindah kamar ngarep sing cedak jagabaya nang njaba. Tetep wae mripatku angel dieremke.

Kelingan Ami kok katone susah banget. Ana wae kesusahan lan karibetan sing dilakoni manungsa. Kabeh wong pancen ora tau pisah seka karibetan.

Isane mung sawang sinawang. Kabeh kudu sabar lan tatag nglakoni coba lan lakune urip dewe dewe.

Ngliyep sak untara. Nglilir maneh pengin turas nang mburi. Wis kliwat jam telu esuk. Gondo wangi isih krasa mondo mondo. Aku njupuk banyu ngombe nang dapur ngliwati ruang tengah. Lampu tak urupke. Listrik wis bali normal maneh. Ana lembaran duwit limang atusan peso semebar nang njubin.

Dompetku isih wutuh nang duwur meja. Iki duwite sapa? Nang dapur aku weruh bungkusan jahe wangi sing tak wenehke Ami isih wutuh. Lawang tengah menga obah keterak angin. Atiku rada miris.

Gek gek duwit iku sing tak wenehke Ami mau. Aku nyandhak tilpun. Jolly si jagabaya tak undang supaya cepet munggah. Deweke setengah mlayu krenggosan nang ngarep lawang.


“Are you OK Sir ?. Wonten menapa panjenengan Rama. Tasih dalu menika?”
“Apa Ami mau wis mulih?”

“Ami sinten ta? Mboten wonten tiyang mriki. Wonten prahara jawah terus wiwit kala ndalu”.

“Kono mau tak jaluki tulung golek tukang pijet, sapa sing kok undang? Ami seka Yasung kok undang ?”.

“Kula sampun matur menawi wonten prahara jawah kaliyan lesus. Mboten wonten layanan peteg ingkang saget pun pesen”.

“Kono ora ngundang Ami?. Deweke mentas seka kene tengah wengi mau. Kok duwite keri kececer nang apartemenku”.

“Mboten wonten pramupijet ingkang dateng Rama. Leres menika. Kula mboten tilem wiwit sonten wau”.

Jolly tak kok tilpon Yasung maneh, nakokke apa Ami wis tekan kana. Jolly gage ngangkat tilpun, nyambung panggonane Yasung. Suwe lagi diangkat, mbokmenawa turu kabeh senajan ta jarene layanan 24 jam.

Deweke omong omong sedela nang tilpon. Praupane rada kaget pas sakbubare omong omong iku.

“Rama, Ami sampun mboten wonten sedasa dinten kepengker. Koma wonten Hospital Ng Manila, sakwatawis dinten”.

” Lo ana apa kok koma?”

” Kacriyos nglairaken lajeng dawah koma”.

” Masya Allah, aku mentas ketemu deweke iki mau. Mijeti wiwit tengah wengi. Apa tenan Ami wis ora ana?”

“Mangga sare malih Rama. Kula aturi ngunjuk toya asrep rumiyin”.

Isih kaget lan bingung aku bali nang tempat tidur mung klisikan wae. Pikirku mung nang kedadeyan aneh sing nembe tak alami.

Ami wis katimbalan Gusti sepuluh dina kepungkur? Atiku ngungun kelingan nek deweke sok mijet karo rengeng rengeng kae.

Esuke aku tilpon Yasung massage. Sing nampa kancane Ami, jenenge Christine. Deweke crita akeh akeh prekara Ami. Nglahirke jabang bayi lanang. Ning banjur koma. Jarene dokter mungkin merga stroke.


Kedadeyan mau wis lewat setahun kepungkur. Dina wingi ana topan maneh, liwat Manila, jenenge Pedring. Daya ngrusake ora kaya topan Ondoi. Ning meh 12 jam Manila ke banjiran ombak pasang lan udan angin.

Bengine aku karo Nyi ngundang Yasung massage. pramupijet anyar jenenge Lyna. Deweke kandha nek anake Ami lagi wae ulang tahun minggu wingi. Sisihane Ami wis rabi maneh. Aku ora ngerti sisihane Ami. Ning mungkin ya alasan praktis wae, kudu momong anak 3, butuh pendamping setia.

Mung ngungunku nek kelingan Ami, nganti pungkasan uripe, deweke isih ora tega ninggal anak anake sing isih cilik. Ami…., muga muga sliramu diparingi dalan padang lan panggonan sing kepenak lerem ing alam kelanggengan.


Seratan
Ki Budiono Santoso Setradjaja
Manila, 30 September 2011
kiriman medsos MS @baakk

Diunggah oleh Eswede Weanind
Editor Lik Kasjo

2 thoughts on “Angin ‘Ilang Ilang’ (Kenanga) Lingsir Wengi, Kisah Nyata dari Manila


    1. Bacanya pelan-pelan kemudian membayangkan, jika seperti itu memang tidak serem amat, tetapi jika kemudian perginya sambil melayang layang ya mungkin bisa langsung NDREDEG.

Tinggalkan Balasan

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca