Antawis Pindahan Lan Transmigrasi🧑‍🦯🚲🐜| Pojok Basa Jawa

Menapa padhananipun lan perbentenanipun antawis pindhanan, ngumbara, lan transmigrasi?

Katiganipun sejatosipun sami. Obah, medal, pindhah saking satunggaling panggenan dhumateng panggenan ingkang benten wewengkon.

Umumipun, pindhah lan ngumbara amargi pikajenganipun pribadi. Kadosto: pindhah pedamelan, sekolah, palakrama tumut kulawarga enggal, lan sapiturutipun.

Benten kaliyan transmigrasi. Biasanipun transmigrasi punika pindhahan saking pulo ingkang benten. Dados dipun sebat antar wewengkon pulo. Ingkang kathahipun saking Pulo Jawi medal tujuwan Pulo ingkang tebih (wedal pulo). Kados tujuwan Sumatera, Kalimantan, Sulawesi, Maluku, lan Papua.

Ingkang tumut Transmigrasi punika mboten saget pindah kekajengan piyambak, ananging kedah tumut aturan pemerintah. Sak derengipun pindhah para calon angsal arahan, latihan, lan pembekalan saking pemerintah.

Sejatosipun Transmigrasi punika sanes pindhanan limrah, ananging nggadhahi tujuwan mulya. Nggih punika niat memangun laladan enggal lan ngraketaken sesambungan antawisipun suku bangsa Indonesia.

Kita sedaya tamtunipun sampun mangertosi. Nuswantara punika negeri ingkang jembar, wiar, maneka warni agama, suku, lan budhaya. Supados ing antawisipun para warga bangsa enggal saget yasa persatuan, guyub rukun, pramila kedah wonten Gerakan Nasional Transmigrasi. Dados transmigran punika sanes pendhudhuk liar.

Ingkang tumut Transmigrasi ugi sanes saking Pulo Jawi kemawon, nanging wonten warga lokal. Tujuwanipun supados para warga ingkang benten suku lan laladan punika sageta tuwuh rasa asah, asih, lan asuh. Ingkang kasilipun ndadosaken kekiyatan anjagi kedhaulatan Negari.

Sementawis cekap semanten rumiyin. Mugi wonten manfaatipun.

Pojok Basa Jawa



KoDe, 20 Maret 2023
Lurah DPP PATRI 🇮🇩

Tinggalkan Balasan

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca

Eksplorasi konten lain dari Kissparry

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca