Aku Kasih Tau

    😃 TAK DUDUHI 😃

    Sarno dolan nang omahe pacare sing jenenge Sarni. Sak wise tekan omahe Sarni, Sarno mbisiki neng kupinge Sarni;
    “Ni, aku kepingin nduduhke sesuatu karo kowe…”

    Sarni njawab karo deg2an;

    “Opo tho, kaaang?”

    Sarno: “Neng kamarmu wae yo?”

    Sarni (karo mesem2 manis): “Iyo lah, kang, yuk”

    Sak wise mlebu kamar….

    Sarno: “Oleh ditutup lawange, Ni?”

    Sarni: “Oleh kok Kang, lha ono opo tho kang?”

    Sarno: “Sssst…oleh dikunci ora?”

    Sarni: “Dikunci oleeeh…opo tho kaaang?”

    (Deg-deg-an)

    Sarno neruske aksine…

    Sarno: “Oleh ditutup jendelane?”

    Sarni (soyo penasaran): “Oleh…”

    Sarno: “Oleh dipateni ora lampune?”

    Sarni (bergairah): “Oleh banget, kaang”
    Sak wise lampu mati…

    Sarno: “Ni, kowe kepingin ngerti opo sing arep tak weruhke kowe?”

    Sarni: “Iyoo cayang…”

    Sarno: “Kene rada cedak aku, Ni. Coba cekelen tanganku…”

    Sarni: “Iiiihhh opo tho, kang? Wis ora sabar lho!”

    Sarno: “Sawangen, Ni. jam tanganku lampune iso murup….⌚⌚⌚……….

    Post: Een (Chamera)

    Tinggalkan Balasan