Ini hanya intemezo saja
Breaking time
HATI-HATI JIKA BELI GORENGAN DI PURWOKERTO
Pembeli (B) : “Yu, nyong tuku gorengane…”
Penjual (J) : “Apa bae kang?”
(B) : “Lho… gorengane werna pira Yu?…”
(J): “Sing kiye pisang goreng rong ewu telu,
Mendoan rong ewu papat.
Tahu goreng rong ewu lima, kang!
Sampean arep tuku sing endi kang?…”
(B): “Walah… Gorengan wis kadaluwarsa kabeh kiye yu…?!…”
(J): “Èh… , sampean nek ngomong sing kepenak… Jajal deleng disik, sing anyar kiye nembe tak entas seka wajan kok ngomong kadaluwarsa…”
(B): “Lho…, lah sampean sing ngomong mau, pisang goreng 2003, mendoan 2004, tahu goreng 2005.
Lha siki wis taun 2017 Yu!…”
(J): “Walah lambene rika tak goreng sisan mengko tak dol rong ewu pitulas..!!!…”
by Purwaningsih@Chamera