Nguda rasa kali ini spesial kumpulan tulisan dari Kissparry Batam 1, Sularto Karyowinangun, di media sosial FB (facebook), semenjak HP barunya, sedang yang lama tidak terekam.
Biasanya istilah Nguda Rasa berpasangan dengan istilah Mulat Sarira, mungkin saja paparan kali ini bisa masuk kategori tersebut, Ngudo Roso lan Mulat Sarira. Ini semua adalah bahasa Jawa.
Nguda (dibaca ngudå) itu bahasa indonesianya membuka, rasa (råså) itu perasaan, jadi nguda rasa adalah menuangkan perasaan atau menyampaikan isi hati, melontarkan uneg-uneg.
Nguda rasa tidak bisa kita lakukan kalau masih bersetia dengan kesempitan batin. Kalau batin sempit, kita mengurangi kapasitas batin kita sendiri. Kapasitas batin mempengaruhi jiwa kita. Dikutip dari medium.
Nguda rasa membuat mental kita kuat, punya resistansi dengan tekanan yang besar. Lalu bagaimana mulat sariro itu? ini istilah keren sekarang instrospeksi diri atau muhasabah.
Iklan
📌 Angkutan Darat Bandara Dhoho Kediri Dilayani PO Damri dan Harapan Jaya, Disamping Gojek dan Maxim
📌 Model Busana Pria Wanita di Hari Kartini 2019 dan Sepanjang Masa
📌 Lirik Lagu Antara Benci dan Rindu – Yang Hujan Turun Lagi, Ratih Purwasih | MP3, Plus Versi Disco Nella Kharisma
📌 One Day Tour Kereta Api Semarang Purwodadi Terbaru 2022 – 2023 | Kedung Cinta, Embun Bening
Kissparry.com
Nguda Rasa lan Mulat Sarira adalah keterampilan yang langka. Berfokus pada lelaku hidup, karena dengan itu kita tidak terkatung-katung terjebak masa lalu atau terlalu khawatir memikirkan masa depan. Living now dalam kesyukuran diri masing-masing.
Sularto Karyowinangun Nguda rasa
Bebasan cagake omah
Wong lanang ki bebasan cagak’e omah …
yen cagak’e gampang goyah…
pie omah isa ngadeg gagah…..
(gembreneng dewe) 14-07-2020
Iklan
Nguda rasa kelingan jaman semana
Neng kene aku dilahirke…
neng kene aku ngudi kawruh ….
neng kene aku ngenal katresnan …
lan neng kene uga aku ngenal kaya ngapa laraning ati merga ditinggal lungo bojo, mergo gandeng wong liya ….
iku mergo kahanan uripku kang ora pantes dibanggakna…..
(ngudo roso karo ngobat abitke arit)
Kelingan Wonogiri kode 16-07-2020
Golek Menir
Tetep golek menir…..
ben keluarga ora kocar kacir …..(ir).
kode 20-07-2020
Pangupo Jiwo
ora mikir rupa
ora mikir raga
sing penting dina iki oleh upa ….
mergo iku sing dienteni keluarga …..
duh Gusti paringana lancar anggen kula pados pangupo jiwa …..
(rodo serius iki) Kode 18082020
Lamat Lamat
lamat lamat
iseh ketok yen dilihat….
mung sedelo arepo samar neng moto….
foto lawas dadi pamawas ….
yomung kui bukti
menowo gambar kui ora abadi
(Kode 24082020)
Mrebes Mili
mbrebes mili yen ngelingi kuthoku iki….
Wonogiri ……
amargo yow neng kene aku ngrasakne loro ati ….
sing dadi molo nganti saiki….
ora mergo aku kemlinthi
ning mergo kahanan sing ora mbejaji….
iku ugo mungkin sing dadekake aku kuat nganti saiki….
(kode 26082020)
Ojo Ngelantur
ojo ngelantur yen menehi pitutur …
mengko malah ambyar mergo susah dinalar …
coba cekak aos
tentune malah gampang kawaos …
tundone gampang ngerti ngenani budi pekerti ….
wis wis jaman sak mangke bedo karo jaman semono….
karepe becik ning iso dadi olo mergo kahanan wis bedo …..
(gembreneng mergo kahanan) 01-09-2020
Gambare malih dadi kartun
aku kok tambah bingung iki…
pagebluk corona urung lerem kok wis ono maneh kedadeyan sing luwih nggegirisi iki…
gek pie coba …konco-konco ku neng fb ki saiki gambare malih dadi kartun kabeh ….
opora tambah mumet aku ….
(gembreneng karo sikile nyaruk nyaruk krikil) 04-09-2020
Urip Lumrah
sengoro gelem teko yen ora diupoyo….
sesrawungan kui kudu dilakokno ….
amrih iso ngupayani opo kang kito sedyo…
mergo kui dalan kang kudu kito lakokno arepo soro….
bene urip iso lumrah koyo wong liyo …..
(gembreneng karo ngepis) 11-09-2020
Assalamualaikum wr wb
KUDU TETEP JUMANGKAH GOLEK RIDHONE GUSTI
Mlaku’o sing lurus, turutono krenteking atimu,
Ojo pisan-pisan nylingkuhi roso ning batin kalawan tumindak,
Senajan ing ngarep akeh jeglongan, tikungan lan tanjakan,
Ojo wedi rekoso, mergo dalan sing lurus iku ora mesti mulus tur Alus…
Dadi’o pepadhang kanggo awak’e dewe,
ing mengkone awak’e dewe bakal iso dadi pepadhang marang wong liyo,
mergo tangeh lamun iso menehi pepadhang wong liya nek awak’e dewe durung padang, kawruh sing dadi rojone kawruh iku kawruh marang diri pribadi,
mulo kawruhono kurang lan luwihmu…
Senajan polah’e urip isih ora karuan,
awak’e dewe kudu tetep jumangkah,
ojo mandheg lan mutung,
Lakonono apa sing iso dilakoni sakbanjure pasrahono marang panguwasaning Gusti,
Monggo nyuwon lan tetep nyuwon marang panguwasaning Pengeran,
mugo bisa kasembadan Opo kang dadi tujuane lan gegayuhanne awak’e dewe,
muga atine awak’e dewe kuat,
ora luluh kesandung atosing lelakon ing Urip…
Namong gayoh Ridhone Gusti
Wong deso….
Kode 15-09-2020
Sak paran-paran
sopo gelem ubet bakal ngliwet …
sopo gelem obah bakal mamah …
sing penting ora gawe rugining liyan….
arepo disawang sebelah mata neng sak paran” …..
bene wae tetep madep mantep ….
ngrungkepi jejering urip bebrayan sing ka adep ……
(kembang kocapan) 15-09-2020
Ojo Dibully
pejuang anti prei …
hanetepi kekarepaning ati…
saenggo isa nyembadani….
opo sing digayuh mbiyen lan saiki….
isa urip lumrah kaya dene gegayuhaning ati ….
(aku mung gembreneng yow ojo dibully ) 17-09-2020
Isa Tinemu
opo iki sing diarani lelaku….
mbok menowo mbuh kapan isa tinemu…
wis sak untoro tak upoyo karo mlaku….
mugo Gusti paring pepadang marang aku…
lan tinemu kang tak goleki lan tak upoyo nganti ketemu ….
(ngudoroso karo ngopi) 18092020
Sawang Sinawang
sawang sinawang jare….
trus aku kudu pie …
kabeh kui mung sepele jane …
ning ngayahine ora koyo omongane …
bebasan esuk dele sore tempe ….
(halah opo iki dleming kok ora genah )
19092020
Tilik Desa
naliko semono tilik deso….
bungah atiku iso napak tilas karo konco….
ngendi ngendi panggonan kang edi peni neng moto…..
tak tekani kanthi legowo ….
mbuh opo pie aku lali menowo ono salah sijining panggonan kang agawe kuciwo….
disike bungah malah dadi sungkowo….
iku mlaku mlakuku naliko semono……
(sak dermo kondo ben lego) 29092020
Kudu Ngapa
opo sing penting kanggone menungso….
yoiku laku kang utomo…..
mergo kanthi kui bakal dipercoyo sapodo podo…..
yen wis nggegem kui lan kasimpen neng ndodo….
kabeh tumindak lan samubarange mesthi dadi tulodo ….
mergo dipercoyo wong liyo iku butuh wektu sak untoro ….
ora sak det sak nyet langsung iso ditompo opo sing eneng ngarepe moto…..
mulo tho mulo …
ayo podo podo sinau urip ki kudu ngapa ….
ben awak lan ati iso narimo kahanan sing maneko warno ……..
menawi lepat nyuwun agunging pangaksomo mergi meniko namung uneg uneging kawulo ….
(karo dengklak dengkluk ono cakruk) 30092020
Pasrah
bumi kang nampani
toya kang ngresiki lan
angin kang ngemuli….
pasrah wae 😥
Kode 01102020
Niat ingsun
niat ingsun nyambut gawe….
kanggo nyukupi kebutuhene….
ben iso lumrah koyo kancane ….
iso nggo ngopi neng warunge bakule…
syukur-syukur iso turah glawah kanggo nyukupi keluargane….
(rasah digagas iki lagi gembreneng dewe) 02102020
Ubet Obah
wong ubet jare bakal ngliwet …..
pokoke tetep obahlah bene tetep disayang mamah…..
mboko sithik ora usah lauwamah….
bene pakaryan lancar lan iso nguripi wong segotrah ….
(iki mung efek kurang ngopi) 05102020
Alon alon waton kelakon
alon alon waton kelakon …
mergo sing dikarepke ora mungkin ujuk ujuk ono pangkon….
grumat grumut ojo karo mbesengut ….
mergo kui bakal ndadekake semrawut ….
sing ujung”e bakal kalang kabut…..
sopo sing rugi nek wis koyo ngono…
yow awak dewe karo mlongo….
mergo opo sing dipengini bakal ngedoh seko panjongko
Kode 09102020 éåè
Sekian semoga bermanfaat, o… iya… bila perlu terjemah…. ditunggu ya…
tapi ada Google Terjemahan
sumber/kontributor Sularto Karyowinangun
diunggah oleh Eswedewea
editor Kissparry
Sae sanget anggenipun nguda rasa, namung sakmenika mbentenaken anggenipun maos gotro kadas dene gotro poso = pasa, sedha = sedho lan sapanunggalanipun
Matur nuwun, sampun paring koreksi,
ugi matur nuwun sampun kersa mampir ing blog niki
Dalam bahasa Jawa (lisan) dikenal kaidah perubahan bunyi, khususnya ketika ditambah akhiran é atau i. Perubahan bunyi ini kemudian menjadi patokan penulisannya.
Lungo –> Lunga
Lungane menyang endi?
Diparani kok malah nglungani.
Roso –> Rasa
Rasane enak tenan.
Aja seneng ngrasani.
Begitu pula kaidah transliterasi (alih aksara) dari huruf Jawa ke Latin, yang benar adalah “ha na ca ra ka” bukan “ho no co ro ko”
Mekaten Mas Eswede.
Matur sembah nuwun bapa, pitedahipun,
kangge koreksi bab penulisan sak cekapipun.
Pembenahan tulisan akan dilakukan oleh editor, seperlunya, dengan memerhatikan otentifikasi karya.
Sepindah malih matur nuwun (basane campur-campur mergane seneng Campursari)